BAHASA
JAWA
1. Ayat ingkang sapisan, dipun wastani pambukaning
tata mahligai ing dalem Baitalmakmur, kados makaten wewedharanipun Sajatine
ingsun nata malige ing dalem Baitalmakmur iya iku enggon parameyaningsun
jumeneng ana sirahing Adam, kang ana sajroning sirah iku dimak, iya iku utek
kang ana antaraning Dimak iku manik, sajroning pranawa iku sukna, sajroning
sukma iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun ora ana pangeran, anging ingsun dzat
kang anglimputi ing kahanan jati.
2. Ayat ingkang kaping kalih dipun wastani pambukaning tata
mahlige ing dalem Baitalmukharam, kados makten wewedharanipun Sajatine ingsun
anata malige ing dalem baitalmukharam, iya iku enggon laranganingsun jumeneng
ana jajaning Adam, kang ana sajroning dhada iku ati, kang ana antaraning ati
iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem, sajroning
jinem iku sukma, sajroning sukma iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun, ora ana
Pangeran anging ingsun dzat kang anglimputi kahanan jati.
3. Ayat ingkang kaping tiga dipun wastani pambukaning
tata mahlige ing dalem Baitalmukadas, mekaten wewejanganipun Sajatine ingsun
anata Malige ing dalem Baitalmukadas, iya iku enggon pasucen ingsun jumeneng
ana ing kontholing Adam, kang ana ing sajroning konthol iku pringsilan, kang
ada antaraning iku mutfah, iya iku mani sajroning mutfah iku madi, sajroning
madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahso
sajroning rahso iku ingsun, ora ana Pangeran anging ingsun dzat kang anglimputi
ing kahanan jati.
TERJEMAHAN
- Ayat yang pertama dinamakan terbukanya tata mahligai Baitalmakmur wedarnya/jabarannya sebagai berikut :Sebenarnya aku memngatur singgasana di dalam Baitalmakmur, di situlah tempat kesenangan-KU, berada di kepada Adam ,yang berada didalam kepala disebut dimak yaitu otak, yang berada diantara dimak itu manik, didalam manik itu pramana adalah pranawa, didalam pranawa itu adalah sukma itu adalah rahsa, didalam rahsa itu adalah aku, tidak ada Pangeran hanya dzat yang meliputi disemua keadaan.
- Ayat yang kedua dinamakan terbukanya susunan singgasana dalam Baitalmukharam sebagai berikut :Sebenarnya aku menata singgasana dalam Baitalmukharam itulah tempat larangan-larangan-KU, yang berada didada Adam, yang berada di dalam dada itu hati, yang berada diantara hati itu jantung, di dalam jantung itu budi, di dalam budi itu jinem, di dalam jinem itu sukma, didalam sukma itu rahsa dan di dalam rahsa itu aku, tidak ada Tuhan kecuali aku, Dzat yang meliputi semua keadaan .
- Ayat ketiga dinamakan terbukanya susunan singgasana dalam Baitalmukadas sebagai berikut :Sebenarnya aku menata singgasana dalam Baitalmukadas, rumah tempat yang aku sucikan berada didalam kontolnya Adam, yang berada di dalam kontol itu pelir, yang berada di dalam pelir itu mutfah yakni mani, di dalam mutfah adalah madi, di dalam madi itu manikem, di dalam manikem itu rahsa, di dalam rahsa itu adalah aku tidak ada Tuhan kecuali aku, dzat yang meliputi semua keadaan.
Menggah ingkang sami kapareng amedharaken wedharan triloka wau para wali 8 :
a. Susuhunan ing Giri Kadhaton
b. Susuhunan ing Kudus
c. Susuhunan ing Panggung
d. Susuhunan ing Majagung
e. Susuhunan ing Pancuran
f. Susuhunan ing Cirebon
g. Syeh Maulana Ibrahim Jatiswara
h. Susuhunan ing Kajenar
Dene anggenipun sami karsa amedharaken Triloka punika
saking anggenipun sami ambabar kaelokaning Ilmi kasampurnan, ingkang kangge witting Ilmi bangsa Sorogan, kadosta :
a.
Kawasa saget andhatengaken salwiring sedya.
b.
Anggenipun kawasa saget adamel lumpuhing para cidra, inggih punika
bangsaning pangetisan.
c.
Sami kawasa saget adamel sarana wewelikaning pandulu inggih punika
kalebet Aji Sesulapan.
d.
Sami anggelaraken bangsaning gendam, urawi puter giling sapanunggalanipun,
nanging sadya kal wau nalika pakumpulan kaliyan
Kanjeng Susuhunan ing Kalijogo inggih sami ajrih anggelaraken.
Purunipun adamel kaelokan sareng Kanjeng
Susuhunan Ing Kalijaga sampun kayun widaraini, tegesipun gesang toya kalih
wonten ing donya gesang, ing kahanan akhir inggih gesang, sanyata langgeng
boten ewah gingsir mila waget jumeneng Gosul Alam, tegesipun dados musthikaning
Sapta Bawana, inggih punika winenang mengku Bumi langit sap pitu, tetep gesang
piyambak boten wonten ingkang anggesangi
- Sesuhunan di Giri Kedaton
- Sesuhunan di Kudus
- Sesuhunan di Panggung
- Sesuhunan di Pajagung
- Sesuhunan di Pancuran
- Sesuhunan di Cirebon
- Syeh Maulana Ibrahim Jatiswara
- Sesuhunan di Kajenar
Adapun mereka mau mewedarkan Triloka itu,
karena mereka telah menyaksikan kehebatan ilmu kasampurnan, yang dianggap
menjadi kuncinya ilmu sorogan, misalnya :
- Mampu mendatangkan semua yang dikehendaki
- Mampu melumpuhkan orang yang berniat jahat, yaitu tergolong pangatisan.
- Mampu membuat penglihatan menjadi berubah ialah sebangsa sulapan.
- Mampu menggelarkan jenisnya dendam, atau puter giling dan sebagainya, tetapi semua itu ketika masih berkumpul dengan Sunan Kalijogo, mereka tkut mempergunakan ilmu-ilmu tersebut.
Mereka membuat keanehan setelah Sunan
Kalijogo sudah kayun widaraini artinya hidup di akherat pun hidup. Ternyata
abadi tidak berubah oleh karenanya dapat menyandang sebagi Gosul Alam,
artinya menjadi mustikanya tujuh lapis Bawana mempunyai wewenang menguasai Bumi
dan langit lapis tujuh
Tidak ada komentar:
Posting Komentar